Assalamu'alaikum Warahmatullahi wabarakatuh Bismillahirrohmanirrohim Alhamdulillahirobbil alamin washolatu wassalamu ala asrofil anbiya wal mursalin Sayyidina wa Maulana Muhammadin wa ala alihi wa shohbihi ajma'in Amma ba'du Nuwun kula nuwun Dhumateng para pinisepuh, para sesepuh, ingkang pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur. Para pangemban pangembating praja, para satriyanipun nagari, ingkang minangka dados pandam pandoming para kawula dasih, ingkang sinuba ing pakurmatan. Inggih langkung langkung dhumateng keluwarga panjenenganipun bapa-ibu........ Sakukuban, ingkang kula hormati. Sumrambahipun para kadang kadeyan, mitra Santana, wandu wandawa, werda taruna inggih lebda ing samukarya dhahat agung sinudarsana Pinarengna kula marak ngabyantara, hanggempil mardikaning penggalih, tanggel jengandika, sami lelenggahan wonten sasana pahargyan punika, tumrap perluning gati, kula marak mangarsa, awrat tinuding saking. Kaluwarga panjenenganipun bapa-ibu.,....... Minangka pranatacara, ing mangke ingkang hanglantaraken Tumapak ing adicara wiwahan, temu penganten punika, purwa madya hingga wusananipun Sakderengipun langkung rumiyin, sumangga panjenengan sedaya, kula dherekaken kanthi ngaturaken Puja puji syukur, kunjuk Ngarsa dalem Gusti Allah SWT karana ageng barokah saha rahmat, ingkang rumentah dhumateng kula lan panjenengan sedaya, inggih awit saking berkah-rahmat saha sih wilasan nipun Gusti ingkang Maha wikan, kacihna ing salebeting ri kalenggahan punika, kula lan panjenengan Pinarengaken kempal manunggal,
kabahagiyan sarta wonten alaming kabagas kuwarasan Sak lajengipun sholawat saha salam kita aturaken dumateng junjunga kita kanjeng Nabi agung muhammad SAW, ingkang sampun hanuntun kita dhumateng margining Kautamen Sagung para tamu kakung miwah putri ingkang kula hormati Hamestuti dhawuh timbalan dalem ingkang jumeneng karsa panjenenganipun bapa-ibu....... Bilih ri'kalenggahan punika, katiti mangsa surya kaping......... Warsa 2024 pinuju dinten Senin pahing, panjenenganipun kepareng netepi jejibahan luhur, netepi darmaning sepuh, inggih wajibing Wredha kepareng awiwaha inggih hamala'kramek'aken putrinipun ingkang sesilih kusumaning ayu Rara......... Pikantuk anak mas bagus........ Putra kinasih saking panjenenganipun bapa-ibu.......... Bilih ijab qabul sampun Sembada katindakaken kalawingi winanci tabuh...... Enjing, kanti mekaten pengantèn kekalih sampun sah miwah resmi, minangka salaki rabi, anut Satataning syariat agami Islam dalah anggering negari Bilih ri'kalenggahan punika panjenenganipun bapa-ibu...... Kepareng ngawontenaken Sak'peranganipun adicara pahargyan pengantèn, kinarya jangkepi tatacara adat Widi widana ingkang sampun lumampah ing laladan mriki, hanenggih nindakaken adicara temu pengantèn
Sagung para tamu kakung miwah putri Pengantèn putri nedya mijil saking sasana busana, kalenggahaken ing sasana rinengga lamun cinandra kadya sekar kang hamanca warna (gending ketawang puspowarno) Lamat lamat binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar ketawang puspowarno, humiring mijilira pengantèn putri manjing sasana rinengga. Ana ganda arum ngebaki jroning sasana Wiwaha, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika temanya pengantèn putri inggih sekaring pahargyan, atmajanipun bapa-ibu...... Ingkang sesilih kusumaning ayu....... Ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, Kinanthi manjing sasana rinengga Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswari nata, katinon saking mandrawa katingal abyor mompyor pathing galebyar pathing calorot, katempuk soroting Hyang pratangga pati lamunta cinandra kadya kilat asesiring. Dhasar pengantèn putri sulistya ing warna, turta karengga ing busana, mila kasub ka onang onang dadya panjanging kidung Sarira jenar ambenggle keris, mustaka sedheng hamaesan, rikma cemeng ngembang bakung netep atap lir tinata, cecundhuk mentul pinasang tata titi pinatut, katiyubing samirana kaya kembang dewandaru, lamunta cinandra kadya hastane kenya sulistya warna Hangawe awe mring kekasihe. Amucang kanginan dénira lumaksana, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana sumunar Agilar gilar kadya kenacan binabar. Sunaring netra adamar kanginan
cengkir gading piningit, yayah anjebol jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada katon pathing galebyar déning rerengganing canela ingkang tansah retes ing sosotya nawaretna, ginantha ing Wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu Lulus raharja lampahira pengantèn putri, dupi wus praptané unggyan kang tinuju manjing sasana rinengga, lenggah ing dhampar rinengga hangrantu laksitaning adicara.
Sagung para tamu kakung miwah putri, ingkang winantu sagunging pakurmatan, wus dumugi wahyaning mangsakala, apan wus dungkap titi laksana panggih, para tamu katuran jumeneng sawetawis, saperlu angurmati panggihipun pengantèn sekalian Mangkana panggihnya sang abagus miwah sang Dyah Ayu, hanenggih pengantèn kekalih, kabiwadha ungeling Mahesa giro.... Wus dumugi wahyaning mangsakala, dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti ingkang Murbeng jagad, ingkang nalika semanten wonten titahing Gusti jalmi kang pinilih, jaler tanapi westri, Anenggih anak mas bagus........ Miwah kusumaning ayu....., sedayaning karsa nedya netepi darmaning agesang, ngancik alaming madya hamestuti ila ila ujaring para kina ingkang dhahat pinundhi pundhi nambut silaning akrama, pengantèn kakung rawuh ginarebeg sanggyane para pengarih pengareh pangarak pangiring, myang sagung wandu wandawa, dasar anyardula lupa tindaké pengantèn kakung, riyak anggajah ngoling, lembehan merak kasimpir, sarira amrabata, Sembada ing driya, tan mingkuh saliring kewuh bangkit angentasi karya, yen ta tamtama sumbaga wiratama, tatag tangguh tanggon prapteng ngendhon, lamunta pinetha ing Wardaya, candrane kadya Sri Narendra ingkang tedhak siniwaka, manjing aneng dampar dhenta kursi kencana, kocap kacarita kaya mangkana, nggeya Lumaksana wus dumugi unggyan pepanggihan, kandeg sawetawis lampahira, dene panggihing pengantèn kabiwadha ungeling cantoka munya ing warih/kodok ngorek Purwakanira panggih katindakaken adicara
pisang Ayu, jambe Ayu suruh Ayu miwah sekar Ayu, mugi-mugi pahargyan wiwahan ri kalenggahan punika purwa madya wasana, saget kamarga kanthi rahayu nir ing sambikala, sanggan kanti pangajabing sedya, dadasa sarana sah ipun sesanggeman, bebasan pengantèn kekalih sampun pikantuk nugraha lambangipun jodho saking Pangeran, handayani manunggalipun pengantèn kekalih, saget lestari jodho sak lami laminipun Tumunten Katindakaken Silih kembar mayang utawi liru kembar mayang, kembar padha mayang kembang, bilih pengantèn kekalih wus kembar tresnane, kembar sedyané, kembar rasané, ingkang dumados saking kayu klepu jayandaru dewandaru, kayu kayun klepu klepeng jaya kabegyan ingkang sejati, ndaru drajading agesang, mugi-mugi Pengantèn kekalih gesangipun tansah kasinungan ing kabegyan kamulyan kawibawan miwah karaharjan Tumunten pengantènipun kemawon tumuju wonten papan pepanggihan Saya caket saya caket nggenya lumaksana tindaké pengantèn kekalih, tempuking pandulu catur netra sumusuping rasa jati kumlawening asta, gondang tutur miwah gondhang kasih mangkana Gya balangan gantal, gantal ingkang dumados saking suruh lininting tinali lawe wenang sarta pinilih suruh ingkang matemu rose, manunggale cipta rasa Budi lan karsa Pengantèn kekalih kapanggihaken Panggih treep pindha curiga manjing warangka bebasan getih rong tetes, balung rong ceklek, daging rong tampel manunggal dadya sawiji
Wiji dadi, pengantèn kakung amidak ponang antiga, tinapak ing padha pecah sak nalika pyoorr, ical sipating jejaka miwah sang kenya ngambah loka madya, age age pengantèn putri ambasuh samparaning pengantèn kakung mracihnane bilih putri, kedah bekti mring kakung lelados ing gesangipun, setya tuhu menapa ingkang dados perintahipun kakung, jer parentah kala wau mboten nalisir saking angger ugering agami miwah nagari, katon kambang² kumambanging sekar tri Puspita warna, mawar melati miwah kanthil kang kinarya pralampita lamun winawar tembung manis kang lumantar kedaling lathi dadya pambukaning karya tama kang hanggung kumanthil kanthil ing pandoning netra kang tumanem ing tungtunging Nala, mangkana pengantèn putri kajumenengakén déning pengantèn kakung Adicara junjung drajad, bilih drajatipun priya miwah wanodya anggenipun gebyur wonten samodraning agesang, netepi jejibahanya sowang-sowang sayuk rukun sengkut gemregut bantu binantu gatong royong nyengkuyung bot repote jejibahan Tumunten katindakaken adicara pageran, pradaksina pengantèn putri ngubengi panganten kakung kaping tiga, mengku pikajeng pengantèn kakung pun bagus...... Tansah tresna asih mring garwa datan kèngguh marang pamiluting tembung manis, liringe netra miwah kasulistyané wanodya sanès, prasetya suci ing batos dhuh garwaku diajeng...... Ya amung sliramu kang ayu sak jagad iki kang ana telenging atiné ing dina iki ngatya prapteng delahan, pengantèn putri inggih prastya mekaten, dhuh kakang mas, inggih namung paduka ingkang bagus sak jagad menika, inggih namung paduka ingkang kula ladosi ing dinten menika ngantos prapteng delahan, kepareng jumeneng wonten sisih keringipun pengantèn kakung, awit putri punika ingkang dumados
den asihi Kawis tingal pengantèn kekalih wus jumeneng jajar bapaibu..,..... Nyaketi dhumateng pengantèn kekalih kepareng paring unjukan tirto wening, mengku pikajeng mugi samubarang pakarti tindaknya, jumangkahnya nggenya gebyur wonten samodraning agesang linambaran wening ing penggalih menep ing kalbu, kang tinemu hayu hayem hangayomi, kepareng ugi ibu...... Ugi kepareng pareng unjukan tirta hamerta inggih tirta katentreman, mugi pengantèn kekalih gesangipun tansah manggih ayem tentrem tinebihaken saking tukar padu cecengilan guyub rukun banyu mulyo sak lami laminira, mangkana Pengantèn kekalih kepareng siningeban sindur déning Rama ibu, sindur binayang karya manjing sasana wiwaha, Rama ingkang wonten ngajeng ibu ingkang wonten wingking nulad sujana sarjana pinastika ingkang wus jenempana ing angin cinandhi ing awiyat, nenggih Ki Hajar Dewantara, ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, bebrayaning putra sarimbit tinuntun rehing kautamen pepayung budi rahayu, wani marang bebener, wedi marang kanistan, teteken kawicaksanan, gegondhelan kawaspadan, Tinedahaken dateng margining kamulyan, wauta nggenya hanganthi keng putra pengantèn kekalih wus sinengkakaken ing ngaluhur kinepyakaken kinarya sang raja sedina miwah sangratu sehari, nilaraken alaming jejaka miwah alaming Kenya saperlu ngayahi darmaning agesang, jejering agesang kedah jejodhoan kinarya srana nangkaraké wiji kinarya lestarining tumuwuh wonten alam padang Kacarita wus manjing sasana wiwaha katindakaken adicara krobongan, krobongan ingkang angka setunggal menika
Pengantèn kekalih katimbang awratipun inggih katimbang katresnanipun, pengantèn kakung wonten jengku tengen pengantèn putri wonten jengku kering tumuten ibu....... Nyuwun pirsa dhumateng bapak..... , abot ngendi pak'ne pengantene, putrane dewe opo putra mantu? Bapak paring dhawuh brambang karo jahe bu, tak timbang podho abote, sajuga putra mantu sawiji putra piyambak, putra mantu wus katampi Karengkuh dadi putra piyambak, ingkang katampi mboten mban cindhe mban siladan Saklajengipun adicara tanem jero, Pengantèn kekalih kalenggahaken wonten kursi pengantèn, ayo nggeerr anakku sakloron tak tandur kang jero urip ana madyaning bebrayan agung, muga bisa nuwuhake wiji kang utama, bisa kuat lahir santosaning bathin, uripmu teguh santosa, kang ora gampang kasempyok déning Aradan kang bisa nuwuhaké renkaning bebrayan Tumunten katindakaken adicara kacar kucur Tampa kaya, Geh kacar kucur guna kaya, wohing pakarti saking temanten kakung kaparingaken dhumateng temanten Putri jejibahanipun kakung angupadi boga wastra sarta kabetahaning gesang, déning putri ingkang anggula wenthah blanja Paringaning kakung Kacarios wus dumugi titi laksana, pengantèn kakung jumeneng anganthi tilam lampus ingkang isinipun beras kapurata, palawija, ketos, sekar mancawarna, miwah arta rècèh, kasuntak ing pangkone ingkang putri, tinadhahan ngagem kain sindur, anggènipun hanampi datan wonten ingkang marebel mracihnani, tembenipun badhé dados putri ingkang gemi satiti nastiti kebak ing ngati ati, lir'ipun saget ngubetaken dana kaya ingkang sampun tinampi
Fleepit Digital © 2021